Update Terbaru ALG

Sabtu, 04 Juli 2015

Impenku Dadi Kasunyatan

    Dina iki bakal dadi sejarah kanggo murid-murid kelas 9 SMP Negeri 1 Karangjati. Asile Ujian Nasional taun iki wis diumumake lan SMP Negeri 1 Karangjati lulus 100%. Kabeh murid-murid padha nuduhake rasa seneng ing ati.
    “Selamet ya, Rin. Biji ujianmu dhuwur dewe sasekolah.” Kandhane Firda sing nyadarake Rina saka lamun.
    “Eh iyo, Fir. Matur suwun.” Wangsulane Rina kanthi mesem kang kapeksa.
    “Awakmu kepingin nerusake menyang endi?” pitakone Firda.
    “Nerusake? Fir, Fir, yen aku kepingin nerusake sekolah mestine aku wis melu daftar liwat jalur PMDK juk biyen.”
    “Lha kowe opo ora kepingin sekolah maneh?”
    “Sopo sing ora kepingin sekolah nganti dhuwur? Aku kepingin banget, Fir. Ananging aku iki anake buruh kere. Ora patut nerusake sekolah kang luwih dhuwur.”
    “Rumangsamu sing patut sekolah dhuwur opo amung anake wong sugih?”
    “Yen aku nerusake sekolah menyang SMA, ragate sopo?” wangsulane Rina kanthi mripat panas.
    Rina susah banget mikir sekolahe. Dheweke kepingin nerusake sekolah menyang SMA, ananging ekonomi kulawargane dadi masalah. Rina mulih sekolah kanthi rasa seneng lan susah. Seneng amarga bijine dhuwur dewe sasekolah, lan susah amarga cita-citane nerusake sekolah ora iso kelakon.
    “Rin, awakmu arep nerusake menyang endi?” pitakone Pak Sukri ngendekake lakune Rina.
    “Mbokbilih mboten nglajengaken, Pak.” Wangsulane Rina kanthi ndhungkluk ngempet netese loh.
    “Lha nyapo?”
    “Bapak kalian simbok mboten gadah arta.”
    “Rugi banget lo, Rin yen bocah pinter kaya kowe ora nerusake sekolah. Yen dipikir lucu banget, bocah Indonesia leren sekolah amarga ora duwe ragat. Padhal pejabate wae duwe mobil jejer-jejer.”
    Ukarane Pak Sukri mau amung nambah seseg dadane Rina. Lakune alun-alun ngliwati dalanan kebak krikil. Lohe ora mandheg netesi pipine. Kebayang-bayang ing pikirane pasuryane simbok lan bapake.
    “Sekolah nganti SMP wae wis luwih saka cukup, Pak. Duwite iso kanggo kabutuhan liyane. Kanggo opo ngentekake ragat nerusake sekolah menyang SMA. Yen Rina leren sekolah, dheweke kan yo iso ngewangi awake dewe nyambut gawe.” Keprungu swarane simbok saka jero omah.
    Dadane Rina tambah seseg. Banyu anget saka mripate netes tambah deres. Rina ora kuwawa njangkah mlebu omah, dheweke klepat balik nuju sawah. Rina banjur ndeprok ing galengan sawah. Angin kang sumribit ngobahake rambute. Dheweke nangis magep-magep dikancani pari kang wis nguning.
    “Rin, awakmu nyapo kok dewean ana ing kene?” sawijining swara ngagetake Rina.
    “Mas Bejo?” Rina mengo marang asale swara.
    “Awakmu nangis to? Ana opo?” Bejo banjur lungguh ing sandhinge Rina.
    “Ora ana opo-opo.”
    “Ora usah mblithuk. Mripat nganti abang kok muni ora ana opo-opo.”
    Rina ora ngreken kandhane Bejo.
    “Aki iki wis nganggep awakmu kaya adhikku dewe. Ora usah sungkan crito marang aku. Anggep wae aku iki mas kandhungmu.” kandhane Bejo maneh.
    “Aku kepingin banget nerusake sekolah menyang SMA, aku kepingin mujudake cita-citaku dadi perawat. Ananging awakmu ngerti dewe, aku iki amung anake buruh tani, utange mecer-mecer. Sing arep dinggo ragat opo, Mas?”
    “O, yen iku masalahmu aku iso menehi solusi opo? Aku dewe yo anake wong kere, lulusan SD pisan. Bedone awakmu kuwi pinter, ora kaya aku. Peringkat telu saka mburi. Pancen rugi, Rin yen bocah pinter kaya awakmu ora iso nerusake sekolah.”
    Kabeh meneng, amung swara kemresek pari lan suket sing keprugu.
    “Heh, ayo mulih! Iki wis sore lo. Ojo nangis wae, ayumu ilang kuwi lo.” swarane Bejo mecahake sepi.
    Rina mlaku ing mburine Bejo kang lagi nuntun sepeda onthele. Dheweke amung ndhungkluk  nyawang krikil-krikil ing dalan.
    “Alhamdulillah, Nduk!” simbok nubruk awake Rina.
    Sing ditubruk bingung, “Wonten menapa, Mbok?”
    “Awakmu iso nerusake sekolah menyang SMA.”
    “Leres, Mbok?” pitakone Rina ora percoyo.
    “Iyo. Gurumu, Pak Sukri arep ngragati sekolahmu.” kandhane simbok kanthi nunjuk Pak Sukri kang lagi ngadek ing sandhing lawang karo bapak.
    Rina banjur nyedhaki Pak Sukri. “Matur suwun sanget, Pak.” Kandhane Rina kanthi nyalami Pak Sukri.
    Rina nglirik Bejo sing isih nggoceki sepedane. Dheweke mesem, Bejo banjur mbales esemane Rina. Rina seneng banget. Akhire cita-cita nerusake sekolah menyang SMA iso kawujud.

By : Al Ghumaydha’

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BERITA TERUPDATE